Geguritan bingung

Bingung

Aku bingung
Bingung karo opo sing tak tulis
Neng kertas kosong iki
Bingungku kaya tikus keceblong banyu
Arep gawe iki salah
Arep gawe iku salah

Ya...bingung
Aku wegah karo bingung 
Kaya sikloheksana 
Seng munyer dek kono tok
Yaa kaya kui uripku 

Ora maju-maju
Koncoku seng ora bingung
Tulungono koncomu iki
Gocelono aku

Gocelono aku kaya wing nyabrang embong
Nyabrang nang arah positif
Yen kowe ora gelem 
Yo gak popo
Aku pasti bingung maneh

Kapan uripku bejo
Se bejone pak kamidi iku
Ora mikir utang kas
Kapan aku dadi wong bejo
Yaa gusti 
Ilangono bingung ku iki

Komentar